Sejarah Arca Joko Dolog
Legendae, patung iki digawe taon 1211 Saka utowo 1289 Masehi nang kuburane Wurarare (Lemahtulia), omahe Mpu Bharadah nang deso Kedungwulan, cidek Nganjuk.
Joko Dolog perwujudan teko Kertanegara, raja terakhir teko Kerajaan Singosari. Kartanegara iku anak terakhir Wisnu Wardhana (Ranggawuni). Wisnuwardhana dewe anake Anusapati, putune Tunggul Ametung (seng ngedeknno Kerajaan Tumapel).
Patung Joko Dolog ditemukno nang kandang gajah, Deso Bejijong, Trowulan, Mojokerto, nang taon 1812 pas erane Residen De Salls. Luwih pas e ditemukno nang sekitaran kuburan, nang sumur, ketutupan gelondongan kayu jati.
Taon 1817, patung iki dipindah nang Suroboyo, rencanane kate digowo nang Londo tapi gagal terus. Kapal seng ngangkut karam peng 3, sampek akhire nyerah, didekek tetep nang Suroboyo.
Patung iki sering ditekani wong-wong seng kepingin ngajeni nilai sejarah iki mau, terutama wong-wong Budha. Turis-turis yo akeh sing mrene lek nang Suroboyo. (ron)
Sumber instagram.com/lovesuroboyo

